• Jelajahi

    Copyright © Ops Jurnal
    Best Viral Premium Blogger Templates

    Iklan

    Iklan

    Halaman

    Sa'iki Crito Bu Nurul Azizah Nekani Wong Kedungadem

    Sabtu, 30 Mei 2026, Mei 30, 2026 WIB Last Updated 2026-05-30T16:38:38Z
    masukkan script iklan disini


    Bojonegoro, Jatim | OpsJurnal.Asia.
    Lur, Sedekah Bumi utowo Nyadran digelar wong Ndeso Kesongo, Kecamatan Kedungadem.

    Acarane kui dino Sabtu tanggal 30 Mei tahun 2026. Atusan warga teko lan guyub ngrayakke panen raya.

    Tradisi turun-temurun iki dadi wujud syukur atas hasil pertanian sing melimpah. Sekaligus njogo budaya warisan leluhur ben ora ilang ketelan zaman.

    Wakil Bupati Bojonegoro Nurul Azizah ugo rawuh neng acara kuwi. Kehadirane disambut hangat warga neng suasana kebersamaan lan kekancan.

    Neng sambutane, Wabup menehi apresiasi marang wargo Kesongo sing tekan saiki isih gelem njogo tradisi Sedekah Bumi minongko kearifan lokal desa.

    Miturut dheweke, Sedekah Bumi dudu mung acara seremonial. Nanging ugo bentuk rasa syukur marang nikmat sing wis diparingi Gusti Allah.

    Deso Kesongo dikenal dadi wilayah pertanian sing produktif. Setaun iso panen pari ping loro lan panen jagung ugo ping loro.

    Pemkab Bojonegoro, ujare Wabup, terus menehi perhatian marang berbagai persoalan sing kerep diadhepi petani neng lapangan.

    Mulai kebutuhan pupuk, ketersediaan banyu, serangan hama wereng nganti rego asile panen sing kadhang munggah mudhun dadi perhatian pemerintah.

    Kanggo ngatasi omo wereng, kelompok tani iso ngajuake proposal kebutuhan insektisida liwat DKPP Bojonegoro.


    Sa'liyane kuwi, DKPP ugo wis nyobo benih unggul Gamagora 7 sing asil produksine cukup njanjeni kanggo dikembangake luwih jembar.

    Benih iki diarep-arep iso mbantu petani ningkatno produktivitas lan asil panen ben luwih apik ketimbang taun-taun sakdurunge.

    "Sekitar Oktober mengko bakal ono demplot pertanian neng Deso Kesongo kanggo sarana sinau lan ningkatno produktivitas pari petani," ujare Wabup Nurul Azizah.

    Demplot kuwi diarepake dadi conto penerapan teknologi lan inovasi pertanian ben asil panen petani soyo mundhak.

    Sementara kuwi, Kepala Deso Kesongo Kusnadi nerangake yen Sedekah Bumi minongko bentuk rasa syukur masyarakat atas hasil bumi sing wis ditompo.

    Tradisi iki ugo dadi coro kanggo ngelingi jasa poro leluhur lan nguatno roso guyub rukun antarwarga ndeso.

    "Iki sekaligus bukti roso syukur awake dewe atas limpahan asil bumi sing apik lan maksimal sing wis diparingke marang awake dewe kabeh," ujare Kusnadi.

    Neng tengah suasana panen raya, Sedekah Bumi dadi pangeling yen pertanian ora mung soal asil lan produksi, nanging ugo soal syukur lan kebersamaan. [Agus].
    Komentar

    Tampilkan

    Terkini