• Jelajahi

    Copyright © Ops Jurnal
    Best Viral Premium Blogger Templates

    Iklan

    Iklan

    Halaman

    SMAN lan SMKN Gratis, Gratis Sing Piye?

    Senin, 01 Juni 2026, Juni 01, 2026 WIB Last Updated 2026-06-01T16:03:26Z
    masukkan script iklan disini


    Bojonegoro, Jatim | OpsJurnal.Asia.
    Opini, - Program sekolah gratis kanggo SMA lan SMK negeri terus digaungkan pemerintah saben taun.

    Tujuane supoyo kabeh anak iso sekolah tanpo kebebanan biaya pendidikan sing abot.

    Ing Jawa Timur, biaya SPP SMA lan SMK negeri sakjane wis ditanggung pemerintah.

    Pendanaan kasebut asalé soko dana BOS lan BPOPP sing disalurkan rutin saben taun.

    Artine sekolah negeri ora oleh maneh narik SPP rutin marang poro siswa.

    Nanging ing lapangan, akeh wali murid sing ngaku isih dimintani pembayaran.

    Ono sing jenenge iuran komite, partisipasi masyarakat, utowo dana penunjang sekolah.

    Nominale ugo bedo-bedo, Ono sing Rp50 ewu nganti Rp150 ewu saben wulan.

    Kondisi iki nggawe sebagian wong tuo bingung lan akeh sing mulai takon.

    Sebab sing dirasakake masyarakat, saben wulan isih ono tagihan sing kudu dibayar.

    Sanajan dudu SPP, ning praktik pembayaran rutin diroso podo wae dening warga.

    Akeh wong tuo sing ora paham bedane sumbangan lan pungutan sekolah kasebut.

    Miturut aturan, sumbangan sifate sukarela lan ora oleh ditetapkan wajib.

    Sumbangan ugo ora oleh diwenehi target nominal sing kudu dibayar kabeh siswa.

    Wali murid sakjane bebas menehi sesuai kemampuan lan kondisi ekonomi keluarga.

    Nanging yen jumlah wis ditemtokake lan ditagih rutin, mulo polemik wiwit muncul.

    Sebagian masyarakat nganggep praktik kuwi wis mirip pungutan sekolah bulanan.

    Sekolah biasane beralasan kebutuhan operasional terus bertambah saben taun.


    Ono biaya perawatan fasilitas, kegiatan siswa, lan pengembangan lingkungan sekolah.

    Dana soko pemerintah dianggep durung cukup kanggo nyukupi kabeh kebutuhan kasebut.

    Mulo sekolah kadhang ngajak wali murid melu berpartisipasi membantu pendanaan.

    Nanging masyarakat pengin ono keterbukaan babagan penggunaan dana kasebut.

    Wali murid yo pengin ngerti dana sing dikumpulake digunakake kanggo kegiatan opo wae.

    Transparansi penting supoyo ora muncul curiga lan prasangka antar pihak.

    Yen pembayaran sifaté sukarela, sekolah kudu jelas nerangake marang masyarakat.

    Yen ono nominal baku lan kewajiban bayar, perlu kajian sesuai aturan berlaku.

    Masalah iki dudu mung soal dhuwit, nanging ugo soal roso keadilan publik.

    Sebab istilah sekolah gratis wis terlanjur dipahami tanpa biaya tambahan rutin.

    Mula pitakon sederhana soko wong tuo terus muncul nganti saiki.

    "Yen saben ulan isih mbayar Rp150 ewu, sekolah gratis kuwi gratis sing piye?" [Agus].
    Komentar

    Tampilkan

    Terkini