Bojonegoro, Jatim | OpsJurnal.Asia.
Lur, tak ceritani maneh. Warga Bojonegoro kota sempat diresahke kabar seorang remaja putri sing dilaporke ilang dening keluargane.
Kabar iki banjur cepet nyebar neng media sosial. Bocah iku kiro-kiro umure 19 tahun, lahire tahun 2007.
Balay pomahane jalan KS Tubun Gang Srinayan, Kabupaten Bojonegoro utowo wong-wong nyebut kutho Jonogoro.
Miturut laporan sing digawe keluargane neng polisi, bocah kuwi ninggal omah sawetoro dino sadurunge laporan diterbitke.
Laporan diterbitke dino Jum'at tanggal 28 wingi tahun 2026. Nanging nganti wektu kuwi durung bali.
Ayahne banjur nggawe laporan resmi amargo upaya nggoleki secara mandiri durung mbuahi asil. Keluargo wis nyobo nggoleki neng pirang-pirang panggonan.
Soko informasi laporan, bocah iki isih kategori remaja. Dheweke durung duwe pekerjaan lan naliko dilaporake durung onok kabar keberadaane.
Ciri-cirine cukup gampang dikenali. Perawakane rodho kuru, dhuwure watoro 160 sentimeter lan bobote kurang luwih 50 kilogram.
Kulite sawo mateng, rambute ireng lurus. Naliko pungkasan dingerteni, dheweke nganggo busana muslim warna abu-abu.
Sawise informasi kuwi nyebar, kolom komentar media sosial langsung rame. Wonten warga sing ngakoni ngerti lan tau weruh crito sing podho sadurunge.
Salah siji akun malah nulis yen bocah kuwi biyen tau lungo soko omah lan mengko bali maneh. Pernyataan iki banjur narik perhatian wargo liyane.
Onok netizen sing kaget lan takon opo informasi kuwi tenan. Wong sing komentar mau banjur negeske menowo dheweke ngerti kedadeyan biyen.
Nanging lur, komentar media sosial dudu sumber resmi. Kabeh omongan kuwi isih sebatas pengakuan pribadi lan durung bisa dianggep fakta.
Ono ugo sing nggawe dugaan yen bocah kasebut lungo bareng pacare. Nanging nganti saiki ora ono pernyataan resmi sing mbenerke dugaan kasebut.
Netizen liyane malah luwih milih ndedongo. Dheweke prihatin amargo akeh bocah enom saiki luwih akeh sesambungan liwat media sosial.
Miturut dheweke, interaksi digital sing ora diawasi kadang biso nggowo anak enom mlebu pergaulan utowo keputusan sing salah arah.
Enek warga liyane sing nyoba ngeling-eling pasuryan bocah kasebut. Dheweke takon apa iki bocah sing biasane numpak ontel lan tuku sayur.
Ing tengah ramene komentar, polisi lan keluarga sejatine luwih butuh informasi sing valid tinimbang spekulasi sing durung mesthi bener.
Sebab saben menit wektu penting kanggo proses pencarian. Informasi sing akurat luwih migunani tinimbang kabar sing mung adhedhasar dugaan.
Crito iki dadi pangeling kanggo kabeh wong tuwo. Komunikasi, perhatian lan pengawasan marang anak dadi perkoro penting ing jaman digital saiki.
Lan nganti kabar resmi diumumke, kabeh dugaan soko media sosial kudu disikapi kanthi ati-ati.
Sing utomo yoiku mugo-mugo bocah iki slamet lan cepet bali neng keluargane. [Agus].

